Cerpen Lucu Bahasa Jawa
Iki cerpen karyaku pas kelas 10. Ing cerpen iki komplit ana tuladha babagan paribasan, pepindhan, panyandra, sanepa, lan tembung saroja. Sanajan aku seneng bahasa jawa, aku mung arep mbagi cerpenku iki ning blogku. Mugi2 menghibur :D "Lhoo...? " Rasane kaya kebanjiran segara madu. Aku ora nyangka ora ngira yen bakal ketemu idolaku. Saiki aku ngadeg ing ngarep panggung kang gedhe blegug. Ing kene kahanane rame umyung. Aku jejel riyel karo fans-fans liyane. Tapi aku bejo entuk panggon ngarep, dadi aku bisa nyawang kanthi cetha. "Iqbaal... Iqbaal.." Kabeh penonton padha bengak-bengok pas idolaku metu ing panggung. Iqbaal Dhiafakhri, salah sawijining personil CJR, wong sing tak idolani, wong sing tak tresnani, saiki ana ing ngarepku. Akhire aku bisa nyawang cahyane kang sumunar, irunge sing ngudhup mlati, mripate sing damar kanginan, l...