Cerpen Lucu Bahasa Jawa

Iki cerpen karyaku pas kelas 10. Ing cerpen iki komplit ana tuladha babagan paribasan, pepindhan, panyandra, sanepa, lan tembung saroja. Sanajan aku seneng bahasa jawa, aku mung arep mbagi cerpenku iki ning blogku. Mugi2 menghibur :D


                                "Lhoo...? "

     Rasane kaya kebanjiran segara madu. Aku ora nyangka ora ngira yen bakal ketemu idolaku. Saiki aku ngadeg ing ngarep panggung kang gedhe blegug. Ing kene kahanane rame umyung. Aku jejel riyel karo fans-fans liyane. Tapi aku bejo entuk panggon ngarep, dadi aku bisa nyawang kanthi cetha.
     "Iqbaal... Iqbaal.." Kabeh penonton padha bengak-bengok pas idolaku metu ing panggung. Iqbaal Dhiafakhri, salah sawijining personil CJR, wong sing tak idolani, wong sing tak tresnani, saiki ana ing ngarepku. Akhire aku bisa nyawang cahyane kang sumunar, irunge sing ngudhup mlati, mripate sing damar kanginan, lan "Aaaaa... demi langit bumi gonjang-ganjing, Iqbaal mesem ning aku!". Esemme sing pahit madu nggawe aku arep semaput.
     Iqbaal nyanyi lagu sing diciptaake dhewe kanggo para penggemare. Judule 'SoniQ in My Heart'. Ya ampun... suarane ngombak banyu, merdu banget.. nget.. nget. Aku melu nyanyi sanajan suaraku pas-pasan. Iqbaal iku pancen lahang karoban manis. Wis rupane bagus tur gantheng, luhur bebudine, yo kuwi sing njalari aku ngefans banget karo Iqbaal.
     Saksuwine aku ngalamun kuwi, Iqbaal nggandheng tanganku menyang panggung. Endas gundul dikepeti, sapa sing nyangka aku bakal digandheng Iqbaal. Aku mung bisa meneng klakep ing ngarepe Iqbaal, padahal surake para fans wis kaya mbata rubuh.
"Ella..." Aaa... Iqbaal nyeluk jenengku, awakku dadi kaku kengkeng, atiku deg-degan, lan aku mesam-mesem dewe kaya wong edan.
"I....." Aku wes ke-GR an. Atake Iqbaal arep...
"Love..." Ya ampun, aku kudu piye iki?
'BYURRR'
Lho kok awakku teles kebes?
"LAA!! NDANG ADUS WIS AWAN!! MENGKO TELAT SEKOLAHE!!
Lho kuwi kok kaya suarane ibukku?
Lho.. lha iki kamarku.
Lho.. Iqbaalku ning ngendhi?
Lho berarti sing Iqbaal ndek mau mung mimpi?
Lho....... Ibukkk aku emoh tangi!!.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SANDI ASMA

Pidato Maulud Nabi - Bahasa Jawa