Pidato Maulud Nabi - Bahasa Jawa



Hai fren xD
Berhubung sebentar lagi mau Maulud Nabi, saya mau berbagi teks pidato dengan tema maulud nabi. Tapi ini pake bahasa jawa fren. Lagi-lagi aku nge-share pake basa jawa ye fren? wkwk. Aku  seneng sama mapel b.jawa, tpi pas kelas 11 kagak ada pelajarannya T.T  lagian sekarang emang ada pepatah wong jawa ilang jawane. Maka dari itu sebagai orang jawa aku harus ikut melestarikan basa jawa. Hehe.
Hmm.. langsung aja fren. Ini pidatoku buat ujian praktek basa jawa waktu SMP doeloe. Semoga varokah ya fren :D

Maulud Nabi Muhammad SAW
Assalamu’alaikum wr.wb
      Alhamdulillah.. alhamdulillahirobbil’alamiin, washolatu wassalamu ‘ala asrofil anbiyaa’i wal mursalin, wa’alaa alihi washohbihi ajma’in, amma ba’du.
          Ingkang satuhu kinurmatan Bapak Kepala SMP N 1 Geneng, Ingkang kula khurmati Bapak/Ibu guru, karyawan-karyawati SMP N 1 Geneng, lan sedaya rencang-rencang ingkang kula tresnani.
          Saderengipun, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken puja lan puji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun mbabar kasarasan, karaharjan dumateng kita sedaya saengga kita saget kempal manunggal dateng mriki kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa-punapa.
          Sholawat lan salam mugi katur dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun ing Yaumul Kiyamah. Allahumma.. Aamiin..
          Dateng mriki kula badhe nyampekaken pidato babagan Maulud Nabi. Saben tanggal 12 Rabi’ul Awal kita mesti mengeti Maulud Nabi, yaiku mengeti dinten kelahiran Nabi Muhammad SAW. Kita dumados umat islam mestinipun mangertos sinten Nabi Muhammad menika. Piyambakipun punika nabi pilihan ingkang di utus Allah kangge sedaya umat, kangge nyebaraken firman-firman Allah, lan nyempurnakaken agama kang diridhoi Allah, yaiku agama islam.
          Wonten rahasia punapa saking terutusipun Nabi Muhammad saengga piyambakipun kalebu nabi pilihan lan teladan kangge para rasul? Mboten liya punika amargi piyambakipun dumados ‘Rahmatan lil ‘alamin’ minangka sampun kasebut ing QS. Al-anbiyaa’ : 107, kang maos :
Artinipun :  “ Lan mboten salah Allah mangutus panjengan, nanging dadi pangaksama  kangge sedaya alam. ”
          Rahmat piyambak saged kita pikantukaken kanthi cara nyebut, ngagungaken lan  tansah ngelingi Nabi Muhammad. Amarga, liyanipun bakal pikantuk tresnane Nabi, kita bakal pikantuk syafaatipun.
          Cara kang gampang kita tindakaken yaiku tansah maos sholawat kangge nabi. Contohipun nglantunaken sholawat badar. Mbok menawi dateng mriki wonten sing saged nglantunaken sholawat badar?? Yen wonten, sumangga kita sareng-sareng nglantunaken sholawat badar : 

       “ Sholatullah Salamullah
‘Alaa Thoha Rosulillah
Sholatullah Salamullah
‘Alaa Yasiin Habibillah
                   Tawasalnaa Bibismillah
                   Wabil Hadi Rosulillah
                   Wakulli Mujaa Hidilillah
                   Biahlil Badri Ya Allah 
    Nah .. !! Sholawat niku saged kita lantunaken sembarang wektu, saksampunipun sholat, pas ngresiki omah, uga pas lagi ing dalan. Kanthi sholawatan, kita mboten namun pikantuk rahmat lan syafaatipun, nanging kalbu kita bakal adem, ayem, lan tentrem. Amarga punapa? Amarga kita tansah eling marang piyambakipun, marang Nabi Muhammad SAW.
    Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
          Mugi-mugi, napa ingkang sampun kula aturaken wau saged bermanfaat kangge kula lan panjenengan sedaya. Lan kita saged dadi tiang ingkang sae, ingkang tansah eling marang Gusti Allah, lan eling marang Rosulullah.
         
“Saben dinten dolan ing Tawun
Cekap semanten lan matur suwun.”

Wabillahi taufik wal hidayah, wa ridlo wal inayah
Wassalamu’alaikum wr.wb


Nami     : Ella Yuni Astuti
Kelas     : IX  A
No.ujian : 011-6

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SANDI ASMA

Cerpen Lucu Bahasa Jawa