SANDI ASMA


Sugeng Enjing / Siang / Sonten / Dalu pengunjung blogkuuu XD
Btw iki first post loh :D
Piye Kabare ?? Sek penak jamanku tho? *opoiki x_x
Mugi-Mugi kita sedaya waras wal afiat yaa :D
Ing kesempatan sing bahagia iki *eaaak aku bagi-bagi ilmu saitik babagan “SANDHI ASMA”.

Opo tho jane Sandhi Asma iku?
Tembung Sandhi Asma kedadeyan saka 2 tembung yaiku sandhi lan asma. Sandhi tegese wadi (rahasia) , samun, ora genah, ora ketara. Dene asma tegese jeneng. Sandhi asma duwe teges jeneng kang disamarake, jeneng kang ora diketarakake, utawa jeneng kang didhelikake ( Indonesia : nama samaran)
Sejatine jeneng mau wis jangkep, nanging jeneng mau dipedhot-pedhot, ora langsung bisa ditemtokake. Biasane sandhi asma iki dumunung ing reriptan/karya sastra awujud tembang utawa ing geguritan. Nanging bisa uga ing sesanti.
Sandhi asma manggon ing :
1.      Wiwitane pupuh
2.      Wiwitane pada
3.      Wiitane gatra
4.      Pungkasane gatra
5.      Pedhotan gatra

Pujangga jawa kang misuwur yaiku Raden Ngabehi Ranggawarsita mapanake sandhi asma ing karya sastrane kang awujud tembang kanthi pirang-pirang cara/modhel.
Contone karya sastra iki:
Rongkob rukading badan, kalingan dening solah susila,
galap-gangsuling lesan, kalingan dening wicara manis,
warrni awon, kalingan dening manah sareh,
sipat kuciwa, kalingan dening netya sumeh,
taliti sudra, kalingan dening berbudi bawa laksana.

Nah!! Yen iki karyaku.. ngapunten nggih yen rada-rada ehemm... wkwk

     Tresna Sejatiku
Dening : Ella Yuni Astuti

Esemmu kang pait madu
Laksana rembulan ing langit biru
Lumebet ing njero kalbu
Adhem ayem rasaning atiku
Yogyane solah tingkahmu
Uga alus tetembungmu
Nyrenyuhake penggalihku
Ing pikiranku namun ana sliramu
Amubeng-mubeng ing lamunanku
Setyaning atiku..
Tresnaning atiku..
Uwis mentok kanggo sliramu
Tresna sejatiku
Iqbaal Dhiafakhri Ramadhan

       Ayo Tobat
Dening : Ella Yuni Astuti

Eling-eling sira manungsa
Larangan lan perintah agama
Lila kabeh kudu dilakoni
Amarga iku wasiate Gusti
Yuwana ngaurip ing donya
Uga mbesuk mokal mlebet suarga
Ning donya tansah rekasa
Ing akhirat bakale mulya
Ayo sedulur padha tobato
Sholat ngaji lakonana
Tumindak ala ndang ditinggalna
Ucap pangapura marang Gusti kang Kuasa
Tobat kanti temenan lahir lan batin
Ing dongane mugi Gusti tansah ngijabahi

      Bumi Pertiwi
Dening : Ella Yuni Astuti

Endahing bumi pertiwi..
Lelabuhane tanah nagari
Lelakuning urip sira manungsa
Anggone golek makarya
Pemandangan kang dilukis Ilahi
Angagem kanvas kagungane Gusti
Nirwana kang taksih suci
Cat warna kang sumebar ing bawana
Enak dipandang soca
Nggawe bungahe nala
Manungsa kabeh kudu njaga
Anugrah saking kang Maha Kuasa
Nglestariaken alam lan lingkungan kita
Iku kewajiban kang nyata
Supados bumi pertiwi katon asri

Mugi-mugi bermanfaat dunia akhirat nggih.
Matur suwun.

Komentar

  1. Kak buatin sandi asma ardi

    BalasHapus
  2. kak buatkan sandi asma.dewi fitri

    BalasHapus
  3. Kak buatin dandi asma TIRA ALFA SYAHRANI

    BalasHapus
  4. Etdah napa pada minta buatin semua dah wkwk, hayoo dicoba dulu ya dik adik

    BalasHapus
  5. Buatkan sandi asma ivadillaretha

    BalasHapus
  6. Buatkan sandi asma ivadillaretha

    BalasHapus
  7. Kak mau tanya,jadi sandhi asma itu nggak selalu pada awal gatra ya? Terimakasih ilmunya🙏

    BalasHapus
  8. Aq kak buatin tolong��kumpulin hari jumat...
    Devi fatmawati

    BalasHapus
  9. Kak buatin sandi asma nama RIYAN KURNIAWAN

    BalasHapus
  10. Itu Kalau namanya panjang berabe tuh xD

    BalasHapus
  11. Kk buatin geguritan sandi asma Aulia putri dong kk tema apa saja

    BalasHapus
  12. Kak buatin sandi asma "shofiyah" dong please buat hari ini

    BalasHapus
  13. hai kak aku minta tolong buatin sandi asma "LARAS PUSPITA" semoga kakak panjang umur aamiin

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerpen Lucu Bahasa Jawa

Pidato Maulud Nabi - Bahasa Jawa