SANDI ASMA
Sugeng Enjing / Siang / Sonten / Dalu
pengunjung blogkuuu XD
Btw iki first post loh :D
Btw iki first post loh :D
Piye Kabare ?? Sek penak jamanku tho?
*opoiki x_x
Mugi-Mugi kita sedaya waras wal afiat
yaa :D
Ing kesempatan sing bahagia iki *eaaak
aku bagi-bagi ilmu saitik babagan “SANDHI
ASMA”.
Opo tho jane Sandhi Asma iku?
Tembung Sandhi Asma kedadeyan saka 2
tembung yaiku sandhi lan asma. Sandhi tegese wadi (rahasia) ,
samun, ora genah, ora ketara. Dene asma tegese jeneng. Sandhi asma duwe teges jeneng kang disamarake, jeneng kang ora
diketarakake, utawa jeneng kang didhelikake ( Indonesia : nama samaran)
Sejatine jeneng mau wis jangkep, nanging
jeneng mau dipedhot-pedhot, ora langsung bisa ditemtokake. Biasane sandhi asma
iki dumunung ing reriptan/karya sastra awujud tembang utawa ing geguritan. Nanging
bisa uga ing sesanti.
Sandhi asma manggon ing :
1.
Wiwitane pupuh
2.
Wiwitane pada
3.
Wiitane gatra
4.
Pungkasane gatra
5.
Pedhotan gatra
Pujangga jawa kang misuwur yaiku Raden
Ngabehi Ranggawarsita mapanake sandhi asma ing karya sastrane kang awujud
tembang kanthi pirang-pirang cara/modhel.
Contone karya sastra iki:
Rongkob
rukading badan, kalingan dening solah susila,
galap-gangsuling
lesan, kalingan dening wicara manis,
warrni
awon, kalingan dening manah sareh,
sipat
kuciwa, kalingan dening netya sumeh,
taliti
sudra, kalingan dening berbudi bawa laksana.
Nah!! Yen iki karyaku.. ngapunten nggih
yen rada-rada ehemm... wkwk
Tresna Sejatiku
Dening : Ella Yuni Astuti
Esemmu kang pait
madu
Laksana rembulan
ing langit biru
Lumebet ing njero
kalbu
Adhem ayem
rasaning atiku
Yogyane solah
tingkahmu
Uga alus
tetembungmu
Nyrenyuhake
penggalihku
Ing pikiranku
namun ana sliramu
Amubeng-mubeng
ing lamunanku
Setyaning atiku..
Tresnaning
atiku..
Uwis mentok
kanggo sliramu
Tresna sejatiku
Iqbaal Dhiafakhri
Ramadhan
Ayo Tobat
Dening : Ella Yuni Astuti
Eling-eling sira
manungsa
Larangan lan
perintah agama
Lila kabeh kudu
dilakoni
Amarga iku
wasiate Gusti
Yuwana ngaurip
ing donya
Uga mbesuk mokal
mlebet suarga
Ning donya tansah
rekasa
Ing akhirat
bakale mulya
Ayo sedulur padha
tobato
Sholat ngaji
lakonana
Tumindak ala
ndang ditinggalna
Ucap pangapura
marang Gusti kang Kuasa
Tobat kanti
temenan lahir lan batin
Ing dongane mugi
Gusti tansah ngijabahi
Bumi Pertiwi
Dening : Ella Yuni Astuti
Endahing bumi pertiwi..
Lelabuhane tanah
nagari
Lelakuning urip
sira manungsa
Anggone golek
makarya
Pemandangan kang
dilukis Ilahi
Angagem kanvas
kagungane Gusti
Nirwana kang taksih
suci
Cat warna kang
sumebar ing bawana
Enak dipandang
soca
Nggawe bungahe
nala
Manungsa kabeh
kudu njaga
Anugrah saking
kang Maha Kuasa
Nglestariaken
alam lan lingkungan kita
Iku kewajiban
kang nyata
Supados bumi
pertiwi katon asri
Mugi-mugi
bermanfaat dunia akhirat nggih.
Matur suwun.
Kak buatin sandi asma ardi
BalasHapuskak buatkan sandi asma.dewi fitri
BalasHapusKak buatin dandi asma TIRA ALFA SYAHRANI
BalasHapusEtdah napa pada minta buatin semua dah wkwk, hayoo dicoba dulu ya dik adik
BalasHapusBuatkan sandi asma ivadillaretha
BalasHapusBuatkan sandi asma ivadillaretha
BalasHapusKak mau tanya,jadi sandhi asma itu nggak selalu pada awal gatra ya? Terimakasih ilmunya🙏
BalasHapusAq kak buatin tolong��kumpulin hari jumat...
BalasHapusDevi fatmawati
Kak buatin sandi asma nama RIYAN KURNIAWAN
BalasHapusItu Kalau namanya panjang berabe tuh xD
BalasHapusKk buatin geguritan sandi asma Aulia putri dong kk tema apa saja
BalasHapusKak buatin sandi asma "shofiyah" dong please buat hari ini
BalasHapusBuatin sandi asma
BalasHapusF kak
hai kak aku minta tolong buatin sandi asma "LARAS PUSPITA" semoga kakak panjang umur aamiin
BalasHapus